Frank Lampard
Frank Lampard | ||
![]() | ||
Informasi Pribadi | ||
---|---|---|
Jeneng jangkep | Frank James Lampard[1] | |
Tanggal lair | 20 Juni 1978 [1] | |
Papan lair | Romford, London, Inggris | |
Dhuwur | 1.84 m (6 ft 0 in)[2][3] | |
Posisi main | Gelandhang panyerang | |
Club information | ||
Klub saiki | Chelsea | |
Nomer | 8 | |
2 National team caps and goals correct as of 20:12, 26 March 2011 (UTC). * Panampilan (Gol) |
Frank Lampard yaiku pamain bal saka Inggris lan maen ning panggon dadi gelandhang, saiki dhèwèké isih maen nang klub papan nduwur Liga Inggris.[4] Frank Lampard nduweni nomor geger 8 sakdurungé menyang Chelsea, Lampard nggabung karoWest Ham United lan Swansa City.[4] Frank Lampard nduweni tepangan sing banter uga pas, mula dhèwèké kerep ngasilké gol saka njaba kotak pinalti.[4] Frank Lampard lair ning Ramford, Heavering tanggal 20 Juni 1978 nduweni jeneng jangkep Frank James Lampard Jr Bapaké uga bekas pamain bal saka Inggris sing nggabung karo West Ham United.[4] Sepupuné Lampard,Jamie Redknapp uga nate mbela Southampton FC, Tottenham Hotspur, Liverpool FC, lan AFC Bournemouth sakdurunge pensiun ing taun 2005 amarga kerep loro.[4] Frank Lamprd nduweni bojo modhel saka Spanyol yaiku Elen Rives sing menehi bayi wedok sing dikei jeneng Luna Coco Patricia Lampard sing lair pas tanggal 22 Agustus 2005.[5]
Bab lan Paragraf
[singidaken]Karir Klub[sunting]
Tanggal 31 Januari 1996 yaiku debut Lampard karo West Ham United pas tanding karo Coventry City FC.[6] Ning musim 1996-1997 dhèwèké akeh namung dadi pemain cadhangan.[6] Amarga dhèwèké ngalami balungé tugel pas nglawan Aston Villa pas tanggal 15 Maret 1997 sing nggawe dhèwèké leren suwe.[6] Gol pertamané kanggo Lampard kanggo West Ham yaiku pas nglawan Barnsley.[6] Ning musim ngarepe 1998-1999 Frank Lampard mlebu klub reguler, dhèwèké maen apik ning musim kuwi.[6] Joe Cole, Rio Ferdinand, Michael Carrick yaiku kanca sak klube.[7]
Transfer[sunting]
Klub London Chelsea FC isoh nggeret Lampard saka West Ham nganggo rega transfer £11 juta pas tanggal 15 Mei 2001.[8]Debut Lampard karo Chelsea yaiku tanggal 26 Juni 2001 pas tandhing pra-musim karo Leyton Orient lan ngegolke sing kepisanan ning pertandhingan kuwi karo Northampton Town.[8] Debutte nyang Liga Premiership yaiku tanggal 19 Agustus 2001 pas tanding karo Newcastle United 1-1.[8]Musim pertamané karo Chelsea FC, Frank Lamprd dadi piliyan utama Claudio Ranieri, lan bisa njebol gawang ping 8 ning kabeh kompetisi yaiku bisa ndadekaké klub Chelsea FC peringkat 4 saengga bisa ndadekaké Frank Lamprd CS maen ning Liga Champion UEFA sing pertamane.[8] Ning musim 2003-2004 Chelsea FC bisa mlebu semifinal Liga Champion sakdurunge kalah saka AS Monaco, Lampard njebol gawang ping 4 saka 14 pertandingan.[8] Ning ranah Premiership Chelsea nglungguhi runner up sakngisoreArsenal Premiership musim 2004-2005 yaiku musim paling sukses ning sejarah Chelsea FC sing uwis dilatih karo Jose Mourinho, Lampard maen ning Liga Premiership 13 gol (19 gol sing dicethak).[8] Frank Lampard maen apik banget dadi gelandang sing ngeterke Chelsea FC ngrebut juwara Liga Premiership sing uwis ameh setengah abad nduweni selisih point 12 karo peringkat 2.[8] 4 gol saka Liga Champion, kejaba kuwi njebol gawang ning Piala Liga.[8] Frank Lampard mungkasi musim iku kang gemilang, yaiku menangke penghargaan [[Pesepakbola FWA 2005], lan 2 piala dhomestik, total gol 20 kuwi.[8] Musim 2005-2006, Frank Lampard njebol gawang ping 16 ning Liga Premiership, 2 Gol saka lima pertandhingan Liga Champion, lan 2 saka piala dhomestik, total 20 gol ning musim kuwi. Lampard uwis njebol gawang pink 89 kanggo Chelsea FC tekan 31 Maret 2007, dhèwèké ngegolke paling akeh saka klube lan kalebu 10 gedhe kabehe.[8] Frank Lampard uga terkenal dadi gelandhang sing paling prodhuktif ning kabeh urusan njebol gawang sepanjang sejarah Chelsea FC lan bisa ngluwihi rekor sing nate digawe Dennis Wise , yaiku 76.[8]
Panghargaan[sunting]
Klub[sunting]
- Piala Intertoto UEFA (1998)
- Piala FA (2007)
- FA Community Shield (2005)
- Piala Liga (2005, 2007)
- Liga Premiership (2004-2005, 2005-2006)
0 komentar:
Posting Komentar